Rabu, 28 November 2018

Desa mawa Cara, Negara mawa Tata

Desa mawa cara, negara mawa tata punika tegesipun sedaya tlatah utawi daerah gadhah paugeran piyambak-piyambak. Caranipun tiyang dhusun beda kaliyan tatanipun tiyang kitha. Wonten ing dhusun taksih kenthel budaya adat gotong royong, saling mbiyantu sasami warga ingkang mbetahaken. Tuladhanipun sambatan mbangun griya. Manawi tiyang dhusun sanajan wonten ingkang ngingu tukang, ananging taksih ugi ingkang dipunbangun sesarengan warga dhusun. Beda kaliyan tiyang kitha ingkang langkung asipat individualis, boten kathah upacara-upacara adat tartamtu.