GAMELAN
JAWI
Pamurba
Lagu kaliyan Pamurba Irama Gendhing
Gamelan inggih menika satunggaling jinis alat
musik tradisional Indonesia. Asring ugi sinebut gangsa (krama) utawi pradangga
(kawi). Kathah-kathahipun kadamel saking 10 perangan tembaga kaliyan 3 perangan
rejasa. (Wisnusubroto, 1997: 1).
Gamelan Jawi asring dipunginakaken kangge ngiringi upacara
adat kabudayan Jawi, kathah-kathahipun kangge upacara ritual. Sasanesipun
kangge klenengan utawi uyon-uyon, ugi kangge ngiringi beksa, kethoprak utawi
ludruk, ringgit tiyang, ringgit wacucal, upacara adat palakrama, lan
sanes-sanesipun.
Sebutan Sanes saking Gamelan
Gamelan asring dipunsebut gangsa utawi pradangga. Sinebut
gangsa amargi kadamel saking timah pethak kaliyan tembaga, ingkang nggadhahi
bebandhingan 3 timah pethak kabanding 10 tembaga. Para empu ingkang damel
gamelan rikala jaman rumiyin menika damel ungel-ungel ‘tiga kabandhing sedasa’
ingkang saged dipunwancah dados gasa. Danguning dangu malih pangecapan dados
gangsa. (Rejomulyo, 2010: 12).
Gamelan sinebut pradangga amargi kadamel saking perunggu murni satemah badan wadhagipun
ketingal cumlorot kadya prada. Pramila kawastanan pradangga amargi saking
tembung prada kaliyan angga. Prada tegesipun cumlorot, angga tegesipun badan
utawi wadhag. Jumbuh kaliyan ungel-ungel menika: ‘Pradangga adi guna sarana bina
bangsa’ tegesipun menawi gamelan menika kaginakaken kanthi bener lan
pener, pramila saged dipunginakaken sarana bangun nagari. (Rejomulyo, 2010:
15).
Bonang
Barung minangka Pamurba Lagu
Bonang Barung. Sumber:
ki-demang.com
Bonang barung minangka pamurba lagu, tegesipun dados pambuka
gendhing saha ingkang nuntun lampahipun sekar. Setunggal set bonang kasusun saking sedasa ngantos kawan welas gong-gong alit. Kasusun wonten kalih
larik. Larik inggil sinebut brunjung. Larik ngandhap sinebut
dhempok. Bonang dipunpapanaken sanginggilipun tali ing
papan kajeng.
Wonten tigang
jinis bonang, inggih menika bonang barung, bonang
panembung, kaliyan bonang penerus. Bonang
barung ingkang dipunwastani pamurba lagu, nggadhahi ukuran sedhengan. Nalika
nabuh imbal-imbalan, bonang barung boten nggadhahi ancas kangge nuntun
lampahipun sekar nanging damel notasi
ingkang selaras kaliyan bonang penerus.
Bonang Penerus. Sumber:
ki-demang.com
Bonang penerus ingkang paling alit. Tabuhan bonang penerus
langkung cepet tikel kalih tinimbang bonang barung. Awit saking menika, bonang
penerus boten dados pamurba lagu.
Kendhang minangka Pamurba Irama
Kendhang
dipunwastani pamurba irama ingkang tegesipun dipunginakaken kangge nemtokaken
irama utawi ajegipun tempo, nuntun cepet lirihipun tempo, kaliyan mandhegaken
tabuhan gendhing (suwuk). Kendhang nggadhahi kalih sisi ingkang kadamel saking
kulit. Kendhang dipunpapanaken wonten gawangan (plangkan).
Miturut
ukuran saha ginanipun, kendhang kaperang dados sekawan jinis. Sekawan jinis
kendhang menika antawisipun kendhang ageng, kendhang wayangan, kendhang ciblon,
kaliyan kendhang ketipung. Kendhang ageng menika kendhang ingkang ukuranipun
paling ageng. Dipunmainaken kangge ngiringi gendhing ingkang kagungan watak tenang kaliyan merbawani (regu). Wonten ing teknik kendhang kalih, kendhang ageng dipunmainaken mawi kombinasi kaliyan kendhang ketipung. Kendhang
wayangan menika nggadhahi ukuran alit kangge ngiringi beksa. Kendhang menika
ugi dipunmainaken kangge klenengan ingkang selaras kaliyan gerakan-gerakan tari
utawi beksa.
Sinerat
dening: Fetiyani Y. Ismawarsari/PBD B 2012
Kapustakan:
Anonim. Tth. Gamelan.
Dipunundhuh saking http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=202&Itemid=485 nalika 13
September 2014 pukul 18.00
Rejomulyo. 2010. Pengetahuan Seni Karawitan Elementer. Yogyakarta: Sanggar Seni
Karawitan Branta Laras
Wisnusubroto, Sunardi. 1997. Sri Lestari: An Introduction
to Gamelan.
Yogyakarta: UGM Press
Kapethik saking: Udyana Vol. II/2014