Kamis, 20 November 2014

Warta Budaya

GAMELAN JAWI
Pamurba Lagu kaliyan Pamurba Irama Gendhing


Gamelan inggih menika satunggaling jinis alat musik tradisional Indonesia. Asring ugi sinebut gangsa (krama) utawi pradangga (kawi). Kathah-kathahipun kadamel saking 10 perangan tembaga kaliyan 3 perangan rejasa. (Wisnusubroto, 1997: 1).
Gamelan Jawi asring dipunginakaken kangge ngiringi upacara adat kabudayan Jawi, kathah-kathahipun kangge upacara ritual. Sasanesipun kangge klenengan utawi uyon-uyon, ugi kangge ngiringi beksa, kethoprak utawi ludruk, ringgit tiyang, ringgit wacucal, upacara adat palakrama, lan sanes-sanesipun.

Sebutan Sanes saking Gamelan
Gamelan asring dipunsebut gangsa utawi pradangga. Sinebut gangsa amargi kadamel saking timah pethak kaliyan tembaga, ingkang nggadhahi bebandhingan 3 timah pethak kabanding 10 tembaga. Para empu ingkang damel gamelan rikala jaman rumiyin menika damel ungel-ungel ‘tiga kabandhing sedasa’ ingkang saged dipunwancah dados gasa. Danguning dangu malih pangecapan dados gangsa. (Rejomulyo, 2010: 12).
Gamelan sinebut pradangga amargi kadamel saking perunggu murni satemah badan wadhagipun ketingal cumlorot kadya prada. Pramila kawastanan pradangga amargi saking tembung prada kaliyan angga. Prada tegesipun cumlorot, angga tegesipun badan utawi wadhag. Jumbuh kaliyan ungel-ungel menika: ‘Pradangga adi guna sarana bina bangsa’ tegesipun menawi gamelan menika kaginakaken kanthi bener lan pener, pramila saged dipunginakaken sarana bangun nagari. (Rejomulyo, 2010: 15).

Bonang Barung minangka Pamurba Lagu

Bonang Barung. Sumber: ki-demang.com

Bonang barung minangka pamurba lagu, tegesipun dados pambuka gendhing saha ingkang nuntun lampahipun sekar. Setunggal set bonang kasusun saking sedasa ngantos kawan welas gong-gong alit. Kasusun wonten kalih larik. Larik inggil sinebut brunjung. Larik ngandhap sinebut dhempok. Bonang dipunpapanaken sanginggilipun tali ing papan kajeng.
Wonten tigang jinis bonang, inggih menika bonang barung, bonang panembung, kaliyan bonang penerus. Bonang barung ingkang dipunwastani pamurba lagu, nggadhahi ukuran sedhengan. Nalika nabuh imbal-imbalan, bonang barung boten nggadhahi ancas kangge nuntun lampahipun sekar nanging damel notasi ingkang selaras kaliyan bonang penerus.

Bonang Penerus. Sumber: ki-demang.com

Bonang penerus ingkang paling alit. Tabuhan bonang penerus langkung cepet tikel kalih tinimbang bonang barung. Awit saking menika, bonang penerus boten dados pamurba lagu.

Kendhang minangka Pamurba Irama
Kendhang dipunwastani pamurba irama ingkang tegesipun dipunginakaken kangge nemtokaken irama utawi ajegipun tempo, nuntun cepet lirihipun tempo, kaliyan mandhegaken tabuhan gendhing (suwuk). Kendhang nggadhahi kalih sisi ingkang kadamel saking kulit. Kendhang dipunpapanaken wonten gawangan (plangkan). 
Miturut ukuran saha ginanipun, kendhang kaperang dados sekawan jinis. Sekawan jinis kendhang menika antawisipun kendhang ageng, kendhang wayangan, kendhang ciblon, kaliyan kendhang ketipung. Kendhang ageng menika kendhang ingkang ukuranipun paling ageng. Dipunmainaken kangge ngiringi gendhing ingkang kagungan watak tenang kaliyan merbawani (regu). Wonten ing teknik kendhang kalih, kendhang ageng dipunmainaken mawi kombinasi kaliyan kendhang ketipung. Kendhang wayangan menika nggadhahi ukuran alit kangge ngiringi beksa. Kendhang menika ugi dipunmainaken kangge klenengan ingkang selaras kaliyan gerakan-gerakan tari utawi beksa.


Sinerat dening: Fetiyani Y. Ismawarsari/PBD B 2012  


Kapustakan:
Anonim. Tth. Gamelan. Dipunundhuh saking http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=202&Itemid=485 nalika 13 September 2014 pukul 18.00
Rejomulyo. 2010. Pengetahuan Seni Karawitan Elementer. Yogyakarta: Sanggar Seni Karawitan Branta Laras
Wisnusubroto, Sunardi. 1997. Sri Lestari: An Introduction to Gamelan. Yogyakarta: UGM Press



Kapethik saking: Udyana Vol. II/2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar