Kamis, 23 Mei 2019

ANTOLOGI GEGURITAN


ANTOLOGI GEGURITAN
dening KKN UNY 2015 Kelompok 2171

1.         Poso enake Turu
dening Neval Rangga Saputra

Aku turu tekan sahur terus aku mangan saor karo simbokku
Bar kuwi aku ndelok tv karo nunggoni suboh
Bar kui aku sholat subuh
Karo simbokku neng mushola Ubudiyah bareng konco-konco dolan

Buko bareng  konco sekolah
Aku bukber karo konco sekolah
Pas ketok sekolah aku karo konco Solat Asar
Bar kui aku ngabuburit neng sekolah bal-balan karo konco

2.         Santri
dening Alexandra Calista P. P.

Ngaji dadi kegiatan saben dinamu
Esok, awan, sore, bengi tanpa leren
Adoh saka keluarga wis dadi resikomu
Kadang tangis amarga kelingan wong tuamu

Dadi santri kudu siap mental
Siap disiplin
Kudu rajin
Tanpa mikir rekasane awakmu
Siap ngudi ilmu, siap nerima perintahe pak kyai
Kerja bhakti menyang sawah wis dadi kebiasaan
Kabeh mau ananing luru ridhone kyai
Berkah manfaat ilmu duniane lan akhirate

3.         Ibu
dening Tiara

IBU
Sak jerone mesemmu ono keselmu
Rino wengi kerjo tanpo leren
Babar pisan ora sambat opo-opo
Kabeh mau, kanggo butuhe omah

IBU
Tetap sabar naliko telat duit belanjo
Tetap ngapuro naliko duit SPP tak gondola lungo
Tetap ngobati naliko aku loro
Tetap wani ngadepi perkoro naliko aku lumpuh tanpo doyo

IBU.. saiki aku wis gede
Wis iso mergawe, golek duit dewe
Iso tuku sandang penganggo dewe
Kabeh tak nggo senengku dewe



Tidak ada komentar:

Posting Komentar