Kamis, 23 Mei 2019

TANGGAP WACANA


TANGGAP WACANA PAHARGYAN KAMARDIKAN 17 AGUSTUS

    Assalamualaikum W. W. Sugeng enjing.
            Bapak Hadi Sutarmanto minangka Ketua RW 11 Kampung Purbonegaran ingkang satuhu kinurmatan. Bapak Ibu Ketua RT saha jajaranipun ingkang kula urmati. Bapak Ibu para warga ingkang minulyeng budi. Kadang taruna mudha-mudhi sarta para rawuh ingkang satuhu bagya mulya.
            Ingkang sepisan, sumangga kula dherekaken monjukaken raos puji dalah sokur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit sih kanugrahanipun kita sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan Kamardikan Republik Indonesia.
            Ingkang kaping kalih, kula ngaturaken agunging panuwun dhateng para rawuh awit sampun kersa paring pisumbang awujud menapa kemawon satemah adicara pahargyan pengetan dinten kamardikan menika saged tumapak kanthi sae.
          Bapak-bapak, Ibu-ibu, para sedherek ingkang kula urmati. Adicara pengetan dinten kamardikan menika gadhah ancas boten naming kangge suka parisuka ngawontenaken tetandhingan 17 Agustus kemawon, ananging ugi saged kangge ngregengaken pasrawungan warga Purbonegaran menika piyambak. Kampung Purbonegaran ugi ngawontenaken malam tirakatan ugi syawalan nalika dalu 17 Agustus. Para warga sageda nyengkuyung pengetan menika.
           Bok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana menika taksih kathah kekiranganipun, sarta menawi wonten basa ingkang kirang duga kirang prayoga, mugi keparenga para rawuh paring lumunturing sih samodra pangaksama.
            Ing wasana cekap semanten. Matur nuwun. Wassalamualaikum W. W.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar