Minggu, 04 Oktober 2020

Pranata Acara Pengaosan

Assalamualaikum W. W.

Alhamdulillahirabbil ‘alamin wa sholatu wa salamu asrofil ambiya’il wal mursalin wa ‘ala ‘alihi wa shohbihi ajmain. Ama ba’du.

Ingkang kinurmatan, Bapak Sholihin minangka ustadz wonten ing kempalan pengaosan punika. Ingkang kula urmati, Ibu-ibu saha Mbak-mbak ingkang rawuh wonten ing kempalan pengaosan punika.

Ingkang sepisan, sumangga kula dherekaken ngonjukaken raos puji sokur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah S.W.T., satemah kita saged kempal wonten ing dalemipun Ibu Bambang saperlu pengaosan rutin malem Kemis.

Ingkang kaping kalih, sholawat sarta salam tansah kita konjukaken dhateng Nabi kita, junjungan kita, Nabi Muhammad S.A.W., ingkang tansah kita nantekaken syafaatipun wonten ing yaumul akhir.

Ingkang kaping tiga, kula ngaturaken panuwun dhumateng Ibu-ibu saha Mbak-mbak ingkang kersa rawuh wonten ing pengaosan punika. Agunging panuwun uga kula aturaken dhumateng Ibu Bambang ingkang sampun mahyakaken papan sarta boga ingkang tansah tanpa upami.

Saderengipun, keparenga kula ngaturaken roncening acara ingkang badhe kalampahan.

1. Ingkang sepisan, pambuka.

2. Kaping kalih, pengaosan dening Bapak Sholihin.

3. Kaping tiga, maos ayat suci Al-Quran kapimpin dening Bapak Sholihin.

4. Kaping sekawan, gladhen maos ayat suci Al-Quran per ayat dening Ibu-ibu punapa dene Mbak-mbak.

5. Kaping gangsal, simpulan.

6. Dipunpungkasi panutup.

Kangge miwiti acara punika, sumangga kula dherekaken maos basmalah sesarengan kalajengaken doa menuntut ilmu. Bismillahirrahmanirrahim. Rodhi tubillahi robba wa bil Islami dinna wa bi muhammadin nabi yau wa rasuluh robbi dzitni ‘ilma warzukni fahma. Aamiin.

Acara salajengipun, acara inti inggih punika pengaosan. Dhumateng Bapak Sholihin, wekdal saha papan, kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Sholihin. Acara kalajengaken maos ayat suci Al-Quran ingkang kapimpin dening Bapak Sholihin.  Dhumateng Bapak Sholihin, sumangga.

Acara kalajengaken gladhen maos ayat suci Al-Quran per ayat dening Ibu-ibu punapa dene Mbak-mbak akhwatul muslimah. Sumangga ingkang badhe ngersakaken nyobi. Ibu-ibu sanesipun kasuwun migatosaken kanthi saksami.

Matur nuwun para Ibu ingkang sampun kersa gladhen maos ayat suci Al-Quran kanthi mandiri. Mugi-mugi dados amal kesaeanipun para Ibu.

Ibu-ibu saha Mbak-mbak hadirot rohimahullah. Simpulan wonten ing pengaosan dalu punika antawisipun inggih punika mekaten. ...

Alhamdulillah kita sampun dumugi pungkasaning acara, inggih punika panutup. Sumangga kula dherekaken maos doa panutup majlis. Subhanakallahuma wa bihamdika asyhadu ala ilaha illa ankta astaghfiruka wa atubu ilaih.

Mekaten acara pengaosan wonten ing dalu punika. Kula minangka pranata acara menawi gadhah kalepatan anggenipun matur, kula nyuwun agunging pangapunten. Cekap semanten.

Wassalamualaikum W. W.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar