Kamis, 25 September 2014

RESEARCH & DEVELOPMENT LEARNING MEDIA




BONEKA TAWARAJA (CERITA WAYANG BERIRAMA JARI):

MEDIA PEMBELAJARAN BAHASA INDONESIA DALAM PENINGKATAN PENDIDIKAN KARAKTER

Fetiyani Yuniana Ismawarsari, Risa Hafida Indradini, dan Puji Nur Hidayat

Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta

e-mail: fetiyani.yuniana94@gmail.com



Boneka Tawaraja (Cerita Wayang Berirama Jari). 
Sumber: Dokumentasi Kelompok



ABSTRAK


Penelitian ini bertujuan untuk (1) mengetahui cara menggunakan boneka Tawaraja dalam bercerita wayang dan (2) mengetahui keefektifan penggunaan boneka Tawaraja dalam menyampaikan cerita wayang dan meningkatkan pendidikan karakter. Penelitian dilakukan di SD Bantul Timur dengan subjek penelitian siswa kelas VB pada mata pelajaran Bahasa Indonesia. Metode yang digunakan ialah penelitian pengembangan atau Research and Development. Model ini mengadopsi teori Borg dan Gall. Langkah-langkah penelitian tersebut adalah research and information collecting, planning, develop preliminary form of product, preliminary field testing, main product revision, main field testing, operational product revision, operational field testing, final product revision, and dissemination and implementation (Ghufron, 2005: 8). Hasil penelitian ialah dihasilkan artikel ilmiah. Artikel ilmiah tersebut diharapkan mampu memberikan kontribusi terhadap perkembangan ilmu pengetahuan dan dunia pendidikan. Selain artikel ilmiah, diharapkan juga dihasilkan model suatu media pembelajaran berupa boneka Tawaraja yang efektif untuk diaplikasikan dalam pembelajaran pendidikan karakter kepada peserta didik. Dengan boneka Tawaraja sebagai media pembelajaran Bahasa Indonesia diharapkan siswa mengenal karakter pewayangan Mahabharata dengan mudah dan menyenangkan.

Kata Kunci: Boneka Tawaraja, Wayang, Pendidikan Karakter, R&D, Kelas V Sekolah Dasar

ABSTRACT

The research objective were (1) to reveal the manner of use Tawaraja dolls puppet  for puppet story telling and (2) to reveal the effectiveness Tawaraja dolls puppet used for puppet story telling and increasing character education. The research was doing in SD Bantul Timur with subjects were the students fifth grade class B on Indonesian. The method was Research and Development. This model was adopted from Borg and Gall theory. This steps are research and information collecting, planning, develop preliminary form of product, preliminary field testing, main product revision, main field testing, operational product revision, operational field testing, final product revision, and dissemination and implementation (Ghufron, 2005: 8). The result is scientific article. That is expected can contribute for developing science and education world. Beside it, that is also expected to get the product of Tawaraja dolls puppet for learning media are effective used for learning character education to students. Using Tawaraja dolls puppet as learning media of Indonesian, expected that students know Mahabharata puppet character easily and enjoy.

Keywords: Tawaraja Dolls, Puppet, Character Education, R&D, Fifth Grade Elementary School

SARINING PANALITEN

Panaliten menika nggadhahi ancas kangge (1) mangertosi caranipun ngginakaken boneka Tawaraja kangge nyariyosaken cariyos ringgit lan (2) mangertosi efektif-ipun panganggening boneka Tawaraja nalika nyariyosaken cariyos ringgit lan ningkataken pendidikan karakter. Panaliten dipunlampahi wonten ing SD Bantul Timur mawi subjek panaliten siswa kelas VB nalika piwucalan Bahasa Indonesia. Metode ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten pengembangan utawi Research and Development. Model menika dipun-adopsi saking teorinipun Borg saha Gall. Langkah-langkah panaliten kasebut inggih menika research and information collecting, planning, develop preliminary form of product, preliminary field testing, main product revision, main field testing, operational product revision, operational field testing, final product revision, and dissemination and implementation (Ghufron, 2005: 8). Asiling panaliten inggih menika artikel ilmiah. Pangajabipun artikel ilmiah kasebut saged kangge nambahi kontribusi dhumateng rembakaning seserepan lan donyaning pawiyatan. Sasanesipun artikel ilmiah, pangajabipun ugi dipunkasilaken model arupi media pasinaon awujud boneka Tawaraja ingkang efektif dipunginakaken kangge pasinaon pendidikan karakter dhateng peserta didik. Mawi boneka Tawaraja minangka media pasinaon Bahasa Indonesia, dipunkajengaken siswa mangertosi karakter pewayangan Mahabharata kanthi gampil lan ngremenaken.

Pamijining Tembung: Boneka Tawaraja, Ringgit, Pendidikan Karakter, R&D, Kelas V Sekolah Dasar

Daftar Pustaka:
Ghufron, Anik. (2005). “Makalah disajikan dalam Seminar Nasional Teknologi Pembelajaran “Teknologi Pembelajaran Menuju Masyarakat Belajar”, pada 5-6 Desember 2005. http://www.teknologipendidikan.net. Diunduh pada 9 September 2014 pukul 12.00.



Student Union Grant April-September 2014 dosen pendamping Avi Meilawati,S.Pd.,M.A.

Lihat juga di

http://journal.uny.ac.id/index.php/pelita/article/view/4016/3472

Selasa, 23 September 2014

JARINGAN INTERNET YSU SAGED KANGGE KONEKSI MALIH


FBS, UNY Selasa Kliwon (23/9/2014), Fakultas Bahasa dan Seni (FBS) sampun saged ngakses Yogyakarta State University (YSU) malih. Jaringan internet Universitas Negeri Yogyakarta (UNY) ingkang kala wingi sisah dipun-akses samenika sampun saged dipunginakaken kangge koneksi internet wonten ing kampus FBS.
Sedangunipun kalih minggu kepengker anggenipun ngakses YSU angel, para mahasiswa dados sisah ngakses internet ngangge laptop pribadi. Ananging samenika sampun boten sisah malih, awit YSU sampun saged kangge koneksi internet. Mekaten wau ingkang saged nyengkuyung proses belajar mandiri mahasiswa. Kanthi menika, pangajabipun mugia sedaya civitas akademika UNY tansah saged majeng lan sukses anggenipun nyithak mahasiswa ingkang takwa, mandiri, cendekia. (Fetiyani Yuniana Ismawarsari)

Kamis, 18 September 2014

YSU ANGEL KANGGE KONEKSI, MAHASISWA SISAH NGAKSES INTERNET



FBS, UNY Jumat Legi (19/9/2014), Fakultas Bahasa dan Seni (FBS) sisah ngakses Yogyakarta State University (YSU) jaringan internet Universitas Negeri Yogyakarta (UNY). Kedadosan menika awit wiwitaning perkuliahan semester gasal (8/9/2014) ngantos dumugi samenika. Angelipun menika boten namung wonten ing Gedung Kuliah I lan Pusat Layanan Akademik, nanging ugi wonten ing sedaya panjuru FBS.
Angelipun ngakses YSU menika dadosaken mahasiswa sisah ngakses internet ngangge laptop pribadi. Akses internet namung saged dipunlampahi ngangge komputer ingkang wonten ing ruang kuliah. Sejatosipun komputer menika dipunginakaken kangge presensi dosen lan mahasiswa. Mekaten wau ingkang ngganggu anggenipun proses belajar mandiri mahasiswa.
Kanthi menika, pangajabipun mugia jajaran Rektorat, Dekanat, lan Puskom kersa migatosaken kawontenanipun saha paring pamecahan perkawis menika. Mugi-mugi YSU saged dipunginakaken malih kangge akses internet sedaya warga UNY, utaminipun FBS, supados civitas akademika ugi saged lumampah kanthi langkung lancar malih. (Fetiyani Yuniana Ismawarsari)

CEMBRENG KANGGE MIWITI UPACARA KIRAB PENGANTEN TEBU PG MOJO SRAGEN




PABRIK GULA MOJO

PG Mojo minangka pabrik gendhis dumunung wonten ing Jalan Kyai Mojo 1, Sragen. PG Mojo punika madeg ing warsa 1883. Mapanipun wonten ing Kelurahan Sragen Kulon, Kecamatan Sragen, Kabupaten Sragen, Povinsi Jawa Tengah. Pabrik gendhis punika salah satunggaling warisan Walandi. Pabrik punika taksih aktif ngasilaken gendhis.


 PG Mojo. Sumber : Dokumentasi Pribadi 

PASAR MALEM CEMBRENG

Kagiyatan ritual Cembreng dipunadani kanthi ancas supados lancar kaliyan slamet anggenipun paleksanan giling tebu (proses produksi) satemah saged mencapai target produksi. Giling tebu punika kalampahan saben 5-6 wulan. Kangge perbaikan (revisi) mesin kaliyan alat-alat kangge proses giling ing warsa ngajeng, pramila dipunwontenaken Cembreng.
Cembreng kalampahan kanthi wekdal kalih minggu. Biyasanipun rikala Wulan April utawi Mei. Boten ngangge wulan Jawi amargi pabrik punika warisanipun Walandi. Lampahipun Cembreng ingkang sepisan inggih punika persiapan (cepak-cepak), kanthi pasang pathok kios penjual (bakul). Sabibaripun punika kalajengaken pasar malem. Pancen namanipun pasar malem, nanging ing wanci siyang kaliyan sonten, boten kalah rame kaliyan wanci dalunipun.


Wahana Ombak Banyu kaliyan Mandi Bola wonten ing Cembreng. . Sumber : kangbison.wordpress.com
RINGGIT PURWA KALIYAN REOG NALIKA MALAM PUNCAK CEMBRENG
Saderengipun giling, malem puncak Cembreng dipunadani ringgit purwa kaliyan reog. Lakon utawi paraganipun gantos-gantos gumantung dhalang. Ringgit purwanipun kagelar wonten ing salebeting pabrik. Menawi jaman rumiyin ugi wonten layar tancep, ananging jaman menika sampun boten wonten. Jaman punika layar tancep sampun dipungantos drumband siswa-siswa TK, SD, SMP Mojo.

PAWAI ARAK-ARAKAN TEBU TEMANTEN

Inti adicara Cembreng inggih punika kirab tebu temanten. Srah-srahan Tebu Temanten Kakung, dipunpasrahaken saking Sesulih Manajemen PG Mojo dhumateng Kepala Dinas Kehutanan dan Perkebunan (Dishutbun) Sragen, Bambang Maryanto.
 Kirab Tebu Temanten. Sumber : jalan2.com
 Pasrah Tampi Tebu Temanten. Sumber : http://www.solopos.com
Pamendhetan tebu temanten dipunpendhet saking kebon. Ing kebon punika, dipunadani tirakatan setunggal dalu. Ing wekdal punika ugi wonten karawitan utawi gamelan. Enjingipun saweg mendhet (metik) tebu dipundadosaken tebu temanten. Tebu temanten dipunbeta dhateng pendhapa kabupaten. Biyasanipun sabibaripun adicara, sabibaripun puncak Cembrengan, dalunipun ringgit purwa, enjingipun tebu temanten saking pendhapa dipunbeta dhateng krepyak kanthi iringan Reog. Tebu temanten dipunlebetaken krepyak, tandha bilih giling sampun samekta dipunwiwiti. Lajeng kasambung tebu ingkang sampun siap dipunlasmen. Cacahipun tebu temanten sepasang utawi kalih iji. Pawai temanten ngangge arak-arakan tiyang. Cembreng punika tradisi ritual ingkang kedah dipunlestantunaken ugi dipunadani ing saben warsanipun. Pabrik gendhis warisan Walandi punika, PG Mojo, supados tetep gesang saha lestantun. Cembreng punika adicara unik, boten namung remen-remenipun kemawon, ananging ugi ngawrat kathahing tradhisi kabudayan.

 


SUMBER GAMBAR:

Jalan2.com. Tth. Upacara Adat Cembengan. Dipunundhuh saking http://jalan2.com/city/karanganyar/upacara-adat-cembengan/ rikala 3 Desember 2013 wanci jam 13.55 WIB

Rahayu, Tri. 2012. Kirab Tebu Pengantin, Simbol yang Selalu Ada sebelum Penggilingan. Dipunundhuh saking http://www.solopos.com/2012/05/03/kirab-tebu-pengantin-simbol-yang-selalu-ada-sebelum-penggilingan-182954   rikala 19 Desember 2013 wanci jam 12.41 WIB

Wibisono, Agus. 2012. Pasar Malam Cembeng: Tradisi sebelum Mulainya Giling Tebu di Pabrik Gula Mojo Sragen. Dipunundhuh saking http://kangbison.wordpress.com/2012/05/01/pasar-malam-cembeng-tradisi-sebelum-mulainya-giling-tebu-di-pabrik-gula-mojo-sragen/ rikala 3 Desember 2013 wanci jam 13.51 WIB



NARASUMBER:
Sukimin Danang Wijaya, karyawan PG Mojo bagian Tebang Angkut/Kren, wonten ing Sragen surya kaping 30 November-1 Desember 2013.