Minggu, 14 September 2014

BABAD SUKOWATI



Sukowati madeg awit wontenipun paraga ingkang sampun paring yasa dhumateng madegipun Tlatah Sukowati. Paraga kasebat inggih punika Pangeran Mangkubumi, rayi saking Sunan Pakubuwono II ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Pangeran Mangkubumi tindakan dhumateng Sukowati, lolos saking kraton. Awit saking rakanipun punika kaliyan Kumpeni Walandi prasasat sampun sakulit daging. Pramila panjenenganipun badhe lolos saking praja (tlatah kraton), nyarengi konduripun tuwan Gubernur dhateng Batavia. Pangeran Mangkubumi tindakan dhateng Sukowati, mangetan saking kraton. Panjenenganipun nglampahi Dhusun-dhusun Cemara, Tingkir, Wonosari, Karangsari, Ngerang, Butuh Guyang. Panjenenganipun nginep sedalu ing Dhusun Butuh Guyang, saklajengipun nglajengaken tindakanipun dhateng Dhusun Pandak, Kelurahan Karangnongko, tlatah Sukowati. Lolosipun Pangeran Mangkubumi nyarengi konduripun tuwan Gubernur Jenderal Baron Van Imhoff dhateng Batavia ing dinten Setu Kliwon malem Ngad Legi, surya kaping 4 Jumadil Awal, taun Dal, 1611 taun Jawa, 1746 taun Masehi.
Gambar Pangeran Mangkubumi jaman Kompeni Walandi. Sumber: https://id.wikipedia.org
Sakrawuhipun ing Siti Sukowati, Pangeran Mangkubumi masanggrahan ing Dhusun Pandak Karangnongko, sarta tumunten mapak para sentana, abdi, saha kawula Sukowati. Saksampunipun rawuh menika damel pamarentahan kagem mbrontak Walandi. Sakpepakipun sedaya lajeng ndhawuh angangkat punggawa. Dhusun Pandak, Kelurahan Karangnongko dipundadosaken pusat pamarentahan Sukowati. Pangeran Mangkubumi njabat dados kepala pamarentahan Sukowati, kaliyan nyebat panjenenganipun piyambak dados Pangeran Sukowati. Saklajengipun Pangeran ngangkat aparat pamarentahan. Para punggawa Pamarentahan Sukowati antawisipun: Demang Jayarata, dipunangkat dados bupati kanthi jejuluk Tumenggung Jayadirja; Ngabehi Martawijaya saha rayinipun, dipunangkat dados bupati kanthi sebatan Tumenggung; Ngabehi Sumodipuro saha Rangga Prawiradirja; Penanjung Martapura saha rayinipun dipunangkat dados bupati kanthi jejuluk Tumenggung Brajamusti; Bekel Gunung Bagus Kempol dipunangkat dados bupati kanthi jejuluk Tumenggung Ranadiningrat; salah satunggaling abdi dalem kalang dipunangkat dados bupati kanthi jejuluk Tumenggung Sutadipura; Mantri Natasingron dipunangkat dados bupati kanthi jejuluk Tumenggung Reksanaga; saha Mas Wiramantri dipunangkat dados Bupati Sukowati kanthi jejuluk Tumenggung Rangga Wirasetika.
Pangeran Mangkubumi ngawontenaken pembrontakan dhumateng kumpeni, ancasipun kangge mbaureksa supados kawibawan kraton Jawi tetep dipunurmati. Awit saking Kumpeni kala wau paring campur tangan dhumateng punggawa kraton,  dipuntambahi bilih Sunan Pakubuwono II kirang nggadhahi kemantepan penggalih, gampil dipunpengaruhi, kadya toya ing sakinggiling ron tales. Yudha Mangkubumen antawisipun Pangeran Mangkubumi saha prajurit tumandhing Kumpeni Walandi ingkang ngganggu Kasunanan Surakarta dipunwastani Yudhan Mangkubumen kawontenaken rikala taun 1746 ngantos 1757. Rikala jaman pamarentahan Pangeran Mangkubumi ing Sukowati, panjenenganipun dereng ngangkat dhiri dados Sultan, ananging tetep dados Pangeran Sukowati. Sukowati dipunraos kirang aman amargi kecelaken kaliyan Kitha Surakarta. Pangeran Mangkubumi tindak dhateng Nyayogyakarta, madegaken Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, satemah saged ngwangsulaken kawibawan Kraton Mataram ugi supados tebih saking pusat pamarentahan Kasunanan.
          Sedangunipun Pangeran Mangkubumi ing Mataram, Tlatah Sukowati boten dipuntilar ngoten kemawon. Pramila, Pangeran Mangkubumi ngangkat Adipati Puger (Martapura) kagem mbeureksa Tlatah Sukowati kaliyan dipunrencangi sekawan Tumenggung, inggih punika Tumenggung Brajadenta, Tumenggung Brajamusti, Tumenggung Prawiradirja, saha Tumenggung Wirasetika. Awit saking Pangeran Mangkubumi ingkang ngadegaken pamarentahan ing Sukowati, pramila wajar bilih sabageyan Tlatah Sukowati mlebet Kasultanan, sabageyan malih mlebet Kasunanan. Saklajengipun rikala wekdal pengeduman kraton (Palih Nagari) ingkang kedadosan ing surya kaping 13 Februari 1755, miturut Prajanjen Giyanti, sabageyan tlatah Sukowati mlebet Tlatah Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, sabageyan malih mlebet Tlatah Kasunanan Surakarta Hadiningrat.
Pramila Sunan Pakubuwono VII saha Sultan Hamengkubuwono V ngawontenaken pangandikan. Asil pangandikan punika dipuntapakasmani ing surya kaping 27 September 1830. Wosipun antawisipun :
1)     Tlatah Sukowati mlebet tlatah Kasunanan Surakarta Hadiningrat.
2)     Kagem lintunipun Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat pikantuk Tlatah Gunung Kidul.
3)     Saking Sultan Pangeran Adipati Arya Mangkunegara III pikantuk siti wiyaripun 500 karya, dipunpendhetaken saking Tlatah Sukowati sisih Tengah kaliyan Kidul.
Awit semanten sedaya Tlatah Sukowati lumebet ing Kasunanan Surakarta Hadiningrat (awit pamarentahan Sunan Pakubuwono VIII taun 1830-1861 ngantos dumugi pamarentahan Sunan taun punika) sedaya tlatah Sukowati mlebet Tlatah Kasunanan Surakarta Hadiningrat awit sampun dipunlintuaken kaliyan Gunung Kidul mlebet Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat.
Asal nama Sragen dumados rikala Pangeran Mangkubumi ing Tlatah Sukowati ugi kepanggih salah satunggaling kyai, inggih punika Kyai Srenggi ing padhepokan. Ing cariyos, Kyai Srenggi punika salah satunggaling panglima perang saking Sunan Amangkurat wonten ing Kartasura ingkang sejatosipun asmanipun Tumenggung Alap-alap. Kangge nyamar, pramila panjenenganipun malih asma dados Kyai Srenggi. Rikala Pangeran Mangubumi, inggih Pangeran Sukowati, rawuh ing padhepokan kasebat, dening Kyai Srenggi dipunsuguhi legen saha palawija. Pangeran Sukowati remen sanget pramila ngendika bilih panggenan kasebat badhe dipunnamani “Sragen”, saking tembung “pasrah” lan “legen”. Satemah Kyai Srenggi dipunasmani Ki Ageng Srenggi.
Gambar Makam Kyai Ageng Srenggi wonten ing Sragen Lor. Sumber: http://sragenkab.go.id
Pangeran Mangkubumi rawuh ing Sukowati, leresipun ing Dhusun Pandak Karangnongko rikala surya kaping 5 Jumadilawal, taun Dal, 1671 taun Jawa. Benjangipun nembe ndamel pamarentahan rikala surya kaping 6 Jumadilawal, taun Dal, 1671 Windu Sancaya taun Jawa, dinten Selasa Pon, leresipun surya kaping 27 Mei 1746 Masehi. Sakpunika 27 Mei ing saben taunipun dipunpengeti dados dinten miyosipun Kabupaten Sragen.

Kapustakan:
Pemda Kabupaten Sragen saha Tim Peneliti Fakultas Sastra UNS. 1987. Sejarah dan Hari Jadi Pemerintahan di Kabupaten Sragen.
Web https://id.wikipedia.org/wiki/Kabupaten_Sragen dipunundhuh rikala Kemis, 28 Maret 2013 wanci jam 19.22
Web http://sragenkab.go.id/home.php?menu=2 dipunundhuh rikala Senin, 22 April 2013 wanci jam 16.14


Tidak ada komentar:

Posting Komentar