Kamis, 18 September 2014

YSU ANGEL KANGGE KONEKSI, MAHASISWA SISAH NGAKSES INTERNET



FBS, UNY Jumat Legi (19/9/2014), Fakultas Bahasa dan Seni (FBS) sisah ngakses Yogyakarta State University (YSU) jaringan internet Universitas Negeri Yogyakarta (UNY). Kedadosan menika awit wiwitaning perkuliahan semester gasal (8/9/2014) ngantos dumugi samenika. Angelipun menika boten namung wonten ing Gedung Kuliah I lan Pusat Layanan Akademik, nanging ugi wonten ing sedaya panjuru FBS.
Angelipun ngakses YSU menika dadosaken mahasiswa sisah ngakses internet ngangge laptop pribadi. Akses internet namung saged dipunlampahi ngangge komputer ingkang wonten ing ruang kuliah. Sejatosipun komputer menika dipunginakaken kangge presensi dosen lan mahasiswa. Mekaten wau ingkang ngganggu anggenipun proses belajar mandiri mahasiswa.
Kanthi menika, pangajabipun mugia jajaran Rektorat, Dekanat, lan Puskom kersa migatosaken kawontenanipun saha paring pamecahan perkawis menika. Mugi-mugi YSU saged dipunginakaken malih kangge akses internet sedaya warga UNY, utaminipun FBS, supados civitas akademika ugi saged lumampah kanthi langkung lancar malih. (Fetiyani Yuniana Ismawarsari)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar