Minggu, 14 September 2014

PARIBASAN


Paribasan inggih punika unen-unen ingkang basanipun sampun gumathok racikanipun lan mawi teges tertamtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawi kumpulaning tembung. Racikaning tembung boten kenging ewah. Suraos utawi tegesipun ugi gumathok, limrahipun ateges entar. Punika andharan paribasan.
1.       Adol lenga kari busik.
Dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagian.
2.       Aji godhong garing.
Ora ana ajine (regane).
3.       Ana gula ana semut.
Panggonan sing akeh rejekine mesthi akeh sing nekani.
4.       Arep jamure emoh watange.
Gelem kepenake ora gelem rekasane.
5.       Asu belang kalung wang.
Wong asor nanging sugih.
6.       Asu gedhe menang kerahe.
Sapa sing kuwat (sugih bandha) mesthi menang.
7.       Bathok bolu isi madu.
Wong katon ala nanging pinter.
8.       Beras wutah arang bali menyang takerane.
Barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
9.       Buntel kadut, ora kinang ora udut.
Wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udut/rokok
10. (M)buru uceng kelangan deleg.
Mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe.
11. Cincing-cincing meksa klebus.
Karepe ngirid nanging malah entek akeh.
12. Cebol nggayuh lintang.
Duwe kekarepan sing gedhe banget.
13. Diwenehi ati ngrogoh rempela.
Diwenehi sethithik njaluk akeh.
14. Eman-eman ora keduman.
Karepe eman malah awake dhewe ora keduman.
15. Embat-embat celarat.
Wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
16. Emprit abuntut bedhug.
Perkara sing maune sepele dadi gedhe.
17. Endhas gundhul dikepeti.
Wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
18. Endhas pethak ketiban empyak.
Wong kang bola-bali nemu cilaka.
19. Entek jarake .
Wis entek kasugihane.
20. (Ng)Gajah elar.
Sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.
21. Garang garing.
Wong semugih nanging sejatine kekurangan.
22. Gawe luwangan kanggo ngurugi luwangan.
Golek utangan kanggo nyaur utang sing dhisik.
23. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput.
Samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
24. Kegedhen empyak kurang cagak.
Kegedhèn kekarepan nanging ora kuwawa nandangi.
25. Glundhung semprong.
Wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang.
26. Golek-golek ketanggor wong luru-luru.
Golek utangan malah diutangi (dijaluki utang).
27. Gondhelan poncoting tapih.
Nggantungake uripe marang bojo.
28. Gupak pulute ora mangan nangkane.
Melu rekasa ora ngrasakake kepenake.
29. Iwak kecemplung wuwu .
Wong sing wis kadhung mlebu ing perangkap ala.
30. (n)Jagakake endhoge si blorok.
Njagakake barang kang durung mesthi ana lan orane.
31. (n)Jalukan ora wewehan.
Seneng njaluk ora gelem menehi.
32. Jer basuki mawa bea.
Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
33. Kadang konang.
Wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat).
34. Kajugrugan gunung menyan.
Oleh kabegjan kang gedhe banget.
35. Katepang ngrangsang gunung.
Kegedhen karep/panjangka mokal bisa kelakon.
36. Kebanjiran segara madu.
Nemu kabegjan kang gedhe banget.
37. Kebo ilang tombok kandhang.
Wis kelangan ngetokake wraget maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan.
38. Kebo kabotan sungu.
Wong rekasa uripe marga kakehan anak.
39. Kegedhen empyak kurang cagak.
Kegedhen kekarepan nanging kurang sembada.
40. Kena iwake aja nganti butheg banyune.
Sing dikarepake bisa kelakon ning aja nganti gawe rusak/rame.
41. Kencana katon wingka.
Senajan apik nanging ora disenengi.
42. Kere munggah bale.
Batur dipek bojo karo bendarane.
43. Kere nemoni malem.
Wong kang bedhigasan/serakah.
44. Kerot ora duwe untu.
Duwe kekarepan ning ora duwe bandha/wragat.
45. Kerubuhan gunung.
Wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.
46. Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang.
Oleh cilaka sing ora dinyana-nyana.
47. Ketula-tula ketali.
Wong kang tansah nandhang sengsara.
48. Kriwikan dadi grojogan.
Perkara sing maune cilik dadi gedhe.
49. Krokot ing galeng.
Wong kang mlarat banget.
50. Kuthuk nggendhong kemiri.
Manganggo sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani.
51. Legan golek momongan.
Wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa).
52. Lumpuh ngideri jagad.
Duwe kekarepan kang mokal keturutan.
53. Milih-milih tebu oleh boleng.
 Kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik.
54. Mubra-mubru mblabar madu.
 Wong sing sarwa kecukupan
55. Nglungguhi klasa gumelar.
Wong sing uripe kepenak amarga oleh warisan.
56. Ngrontogake gunung.
Wong cilik/asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe kagete wong akeh.
57. Nguyahi banyu segara.
Weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.
58. Nucuk ngiberake.
Nggoleki barang sepele sing wis ilang.
59. Ngaub ngawar-awar.
Golek pangayoman marang wong ora duwe.
60. Obah mamah.
Gelem makarya bakal akeh rejekine.
61. Opor bebek paelan gulu.
Wong cilik among bisa ngangen-angen nanging ora bisa duweni.
62. Ora kinang ora udut.
Ora mangan apa-apa.
63. Ora tembung ora tawung.
Jupuk barange liyan tanpa kandha dhisik.
64. Pecruk tunggu bara.
Dipasrahi barang kang dadi kesenengane.
65. Pitik trondhol diumbar ing padaringan.
Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki.
66. Pupur sadurunge benjut
Ngati-ati mumpung durung cilaka.
67. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
Samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.
68. Rebut balung tanpa isi.
Pasulayan merga barang kang sepele.
69. Rindhik asu digitik.
Dikongkon nindakake penggaweyan kang cocok karo kekarepane.
70. Rupa nggendhong rega.
Merga rupane apik mula regane ya larang.
71. Sepi ing pamrih, rame ing gawe.
Gelem tandang gawe kanthi ikhlas lan ora golek opah.
72. Sluman slumun slamet.
Senajan kurang ngati-ati, nanging isih diparingi slamet.
73. Tuna sathak bathi sanak.
Rugi bandha, nanging sugih paseduluran.
74. Undhaking pawarta, sudaning kiriman.
Biyasane pawarta itu beda karo kasunyatane.
75. Yuyu rumpung mbarong ronge.
Omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.

Kapustakan:
Nuraini. Tth. Pepak Basa Jawa Lengkap. Kota? : Lingkar Media
Soesilo. 2006. Piwulang Ungkapan Orang Jawa:Pendidikan Budi Pekerti Membentuk Manusia Berhati Mulia. Malang: Yasula
                                                                                                              

Tidak ada komentar:

Posting Komentar