Kamis, 18 September 2014

CEMBRENG KANGGE MIWITI UPACARA KIRAB PENGANTEN TEBU PG MOJO SRAGEN




PABRIK GULA MOJO

PG Mojo minangka pabrik gendhis dumunung wonten ing Jalan Kyai Mojo 1, Sragen. PG Mojo punika madeg ing warsa 1883. Mapanipun wonten ing Kelurahan Sragen Kulon, Kecamatan Sragen, Kabupaten Sragen, Povinsi Jawa Tengah. Pabrik gendhis punika salah satunggaling warisan Walandi. Pabrik punika taksih aktif ngasilaken gendhis.


 PG Mojo. Sumber : Dokumentasi Pribadi 

PASAR MALEM CEMBRENG

Kagiyatan ritual Cembreng dipunadani kanthi ancas supados lancar kaliyan slamet anggenipun paleksanan giling tebu (proses produksi) satemah saged mencapai target produksi. Giling tebu punika kalampahan saben 5-6 wulan. Kangge perbaikan (revisi) mesin kaliyan alat-alat kangge proses giling ing warsa ngajeng, pramila dipunwontenaken Cembreng.
Cembreng kalampahan kanthi wekdal kalih minggu. Biyasanipun rikala Wulan April utawi Mei. Boten ngangge wulan Jawi amargi pabrik punika warisanipun Walandi. Lampahipun Cembreng ingkang sepisan inggih punika persiapan (cepak-cepak), kanthi pasang pathok kios penjual (bakul). Sabibaripun punika kalajengaken pasar malem. Pancen namanipun pasar malem, nanging ing wanci siyang kaliyan sonten, boten kalah rame kaliyan wanci dalunipun.


Wahana Ombak Banyu kaliyan Mandi Bola wonten ing Cembreng. . Sumber : kangbison.wordpress.com
RINGGIT PURWA KALIYAN REOG NALIKA MALAM PUNCAK CEMBRENG
Saderengipun giling, malem puncak Cembreng dipunadani ringgit purwa kaliyan reog. Lakon utawi paraganipun gantos-gantos gumantung dhalang. Ringgit purwanipun kagelar wonten ing salebeting pabrik. Menawi jaman rumiyin ugi wonten layar tancep, ananging jaman menika sampun boten wonten. Jaman punika layar tancep sampun dipungantos drumband siswa-siswa TK, SD, SMP Mojo.

PAWAI ARAK-ARAKAN TEBU TEMANTEN

Inti adicara Cembreng inggih punika kirab tebu temanten. Srah-srahan Tebu Temanten Kakung, dipunpasrahaken saking Sesulih Manajemen PG Mojo dhumateng Kepala Dinas Kehutanan dan Perkebunan (Dishutbun) Sragen, Bambang Maryanto.
 Kirab Tebu Temanten. Sumber : jalan2.com
 Pasrah Tampi Tebu Temanten. Sumber : http://www.solopos.com
Pamendhetan tebu temanten dipunpendhet saking kebon. Ing kebon punika, dipunadani tirakatan setunggal dalu. Ing wekdal punika ugi wonten karawitan utawi gamelan. Enjingipun saweg mendhet (metik) tebu dipundadosaken tebu temanten. Tebu temanten dipunbeta dhateng pendhapa kabupaten. Biyasanipun sabibaripun adicara, sabibaripun puncak Cembrengan, dalunipun ringgit purwa, enjingipun tebu temanten saking pendhapa dipunbeta dhateng krepyak kanthi iringan Reog. Tebu temanten dipunlebetaken krepyak, tandha bilih giling sampun samekta dipunwiwiti. Lajeng kasambung tebu ingkang sampun siap dipunlasmen. Cacahipun tebu temanten sepasang utawi kalih iji. Pawai temanten ngangge arak-arakan tiyang. Cembreng punika tradisi ritual ingkang kedah dipunlestantunaken ugi dipunadani ing saben warsanipun. Pabrik gendhis warisan Walandi punika, PG Mojo, supados tetep gesang saha lestantun. Cembreng punika adicara unik, boten namung remen-remenipun kemawon, ananging ugi ngawrat kathahing tradhisi kabudayan.

 


SUMBER GAMBAR:

Jalan2.com. Tth. Upacara Adat Cembengan. Dipunundhuh saking http://jalan2.com/city/karanganyar/upacara-adat-cembengan/ rikala 3 Desember 2013 wanci jam 13.55 WIB

Rahayu, Tri. 2012. Kirab Tebu Pengantin, Simbol yang Selalu Ada sebelum Penggilingan. Dipunundhuh saking http://www.solopos.com/2012/05/03/kirab-tebu-pengantin-simbol-yang-selalu-ada-sebelum-penggilingan-182954   rikala 19 Desember 2013 wanci jam 12.41 WIB

Wibisono, Agus. 2012. Pasar Malam Cembeng: Tradisi sebelum Mulainya Giling Tebu di Pabrik Gula Mojo Sragen. Dipunundhuh saking http://kangbison.wordpress.com/2012/05/01/pasar-malam-cembeng-tradisi-sebelum-mulainya-giling-tebu-di-pabrik-gula-mojo-sragen/ rikala 3 Desember 2013 wanci jam 13.51 WIB



NARASUMBER:
Sukimin Danang Wijaya, karyawan PG Mojo bagian Tebang Angkut/Kren, wonten ing Sragen surya kaping 30 November-1 Desember 2013.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar